Thursday, May 6, 2010

KESENIAN DAN ADAT OSING BANYUWANGI






Adat Penganten Using Ring Kemiren




Banyuwangi duwe adat penganten dhewek. Adat iku tinggalane mbah buyut bengen kang diuri-uri sampek saiki. Adat penganten Banyuwangi iku beda ambi adat-adat penganten teka dhaerah liya.

Kadhung ditakoni kapan adat Penganten Banyuwangi kawit ana, njawabe rada angel. Polahe kudu ana penelitian ilmiah kang keneng dipercaya lan diterima secara akademis. Naming kadhung diteliti entheng-enthengan kelawan takon nyang para sepuh, ana jawaban kang keneng dienggo gandholan lan penjelasane para sepuh kaya kang diterangaken ring ngisor iki. Dadi tulisan iki sumbere teka ceritane para sepuh, terus teka pengalaman, utamane pengalaman penulis kumpul ambi dulur-dulur Kemiren lan tulisan-tulisan soal penganten Using sedurunge.

Pengantene wong Using iku biyasahe paese mung sepisan, yaiku nalika arep surup baen. Tata rias penganten wadon lan penganten lanang ana adate kang wis maton.Dene tata rias utawa paes penganten wadon iku ana telung perkara, kaya kang diterangaken ring isor iki, yaiku:




1. Tata rias rai utawa wajah.

Tata rias rai utawa wajah yaiku maesi sakat teka nggelung, nguris, lan masang lotho/medhaki. Dene tata rias rai iku ana papat maceme yaiku: nganggo lotho, nganggo jamang, nganggo anting-anting lan nganggo tasmak kadhung perlu.
Lotho kadhung jaman bengen digawe teka godhong katu hang dicampur ambi kunir. Sedheng kunire iku baen kudu pecake hang dienggo ngethok tali puser. Kadhung saiki hang aran lotho iku wis uwah-uwahan kabeh antarane bahan lan modhele. Saiki lotho digawe teka kain beludru kelire cemeng. Modhele pesagi papat dawane 5 cm diendoni monte cilik-cilik, dietap kaya kembeng lung-lungan lan disisipi prada. Ring pajune diweni tali kiwa tengen, masange ditalekaken memburi liwat ndhuwure kuping. Gunane nganggo lotho iku mung supaya penganten wadon bener-bener taat lan tuhu nong wong tuweke.
Jamangan yaiku digawe teka kain beludru kelire cemeng, ditirus utawa dipotong kaya ulan sabit. Kain mau aju diendoni monte pisan kang kelire kuning emas lan abang. Carane nganggo, sakwise lotho dipasang buru jamangan dipasang, kaya dene masang lotho uga diuweni tali kiwa tengene. Gunane jamangan kanggo nambahi supaya penganten wadon katon lebih ayu maning.
Anting-anting hang dienggo penganten Using, digawe teka emas naming uga ana kang teka suwasa. Kari ndeleng kemampuane uwonge baen.
Kang sing kari, penganten Using biyasahe nganggo tasmak. Kelire terserah si tukang paes.

2. Tata rias gelungan utawa sanggul.
Gelungan kang dienggo penganten Using diarane gelungan ronce. Bengen, gelungan iku langsung nganggo rambute dhewek. Saiki akeh-akehe nganggo uncal utawa cemara (rambut palsu). Carane nggawe rambut mau dipinti sulung terus dietap bunder gelungan kang didelehe kembang sundel, kembang wangsa, kembang goyang, gini ringgit, sekar pakis lan oncer-oncer. Kabeh mau nduweni maksud lan tujuwan yaiku penganten wadon gena katon ayu lan nduweni arti penganten wadon kudu tuhu lan bekti nong kang lanang, wong tuweke lan nong agamane.

3. Tata rias kelambi utawa busana.
Tata rias kelambi ana petang bagean yaiku busana gulu kaya dene kalung, busana awak utawa badan kaya dene sarung, lungsuran, stagen utawa sabuk, kutang, selendhang, kebayak dawa, peniti ringgit emas lan korset.
Sarung utawa tapih kadhung penganten Using benge nganggo tapih sutra Bugis lan mesti motipe latar abang kothak-kothak.
Lungsuran utawa kain pecak uga dienggo ring penganten Using. Sedurunge nganggo tapih, penganten wadon dienggoni lungsuran utawa tapih hang wis luwas pecake emake. Kang artine supaya panganten wadon mau tetep enget nong emake.
Sabuk utawa astagen nganggone kaya umume yaiku sawise tapihan buru nganggo sabuk utawa stagen.
Selendhange, biyasahe bengen nganggo kain cap hero kelire abang dawane 2 meter werane 40 cm. selanadhang iki kanggone dienggo hiasan baen. Cara nganggone, tengeh-tengehe selendhang diselempitaken ring sabuk, terus pucuke selendhang digeningaken ngelewer ring nduwure pukang kiwa tengen.
Kebayake penganten Using bengen nganggo kebayak dawa nalika surup. Kebayak mau digawe taka kain beludru kelire cemeng. Ring pinggirane disulami bolak emas lan monte. Motip sulamane umume motip lunglungan. Dene sulamane hang ana ring pucuke kabayak biyasahe gambare kembang. Kebayak mau nganggo kuthu baru. Kebayak modhel gedigi iki dienggo ambi putrine raja. Dadi karepe makene kaya anake raja.
Korsete penganten Using digawe teka kembang mawar lan kembang asparaga dipasang ring dhadha.
Busana tangan:
Busana tangan ana telung bagean yaiku: kelat bahu, gelang lan ali-ali. Kelat bahu bahane teka akulit dibungkus ambi kain beludru kelire cemeng disulami ambi bolak emas dipasang ring lengen kiwa lan tengen. Gelang biyasahe teka emas, motipe tebu sekeret. Ali-ali teka emas dienggo kaya biyasahe wong nganggo ali-ali.
Busana sikil:
Sandhal motip lan bahane terserah paran duwene utawa dipantes ambi kelire kelambine.

Dene tata rias penganten lanang kaya penjelasan ngisor iki:


1. Tata rias rai/wajah
Magih kaya penganten wadon, sedurunge dipaesi penganten lanang dibuang sulung rambut bajange. Sakwise iku buru diwedhaki atal supaya katon mencorong. Samarine iku alis lan berengos kadhung duwe dikandeli ambi nganggo patelut, lan lambene dipolesi lipen, terus dienggoni tasmak.

2. Tata rias endhas
Kadhung penganten lanang kanggone wong Using sing kakehen macem-macem. Mung cukup nganggo blangkon modhel Solo naming sing nganggo mondholan mburi. Ring pinggire, ring ndhuwure kupinge diselempiti kembang sundel.



3. Tata rias kelambi utawa busana
Tata busana penganten lanang Using meh padha ambi penganten wadon, naming ana bidane. Dene peragate antarane: celana, lembaran utawa sarung, selendhang, kelambi, selempang, sabuk, keris lan bros utawa kursase.
Celanane penganten lanang Using biyasahe bengen nganggo beludru kang kelire cemeng lan polos sing nganggo sulaman paran-paran.
Lembaran utawa sarung kang dienggo parang barong motipe liris. Nganggone sawise nganggo celana, disarungaken kaya dene nganggo sarung mung baen pucuke tiba nong ngarep karo, terus ditekuk diendoni epek.
Selendhang kang dienggo padha ambi selendhange penganten wadon. Teka bahan hero, dawane rong meter lan werane 40 cm. carane nganggo ya padha ambi penganten wadon. Ngelewer kiwa lan tengene sak ndhuwure pukang.
Kelambi kang dienggo modhel biskap kelire cemeng kaine beludru. Pinggirane disulami bolak emas modhel lunglungan.
Selempange digawekaken teka kain beludru pisan lan disulami bolak emas, dawanemung sak meter werane limang senti. Nganggone kaya nganggo selempang umume, mung ring pucuke baen diendoni peniti.
Sabuk kang dienggo bahan lan modhele padha ambi selempang mau, ya disulami nganggo bolak emas motipe lunglungan.
Keris kang dienggo penganten bengen gagange diendoni selendhang cilik. Keris iku setemene ngengetaken nong panganten lanang supaya nduweni pengadeg hang kuwat kaya kuwate keris aji mau.
Korsase utawa bros bahane teka kembang mawar ambi godhong kembang asparaga, nganggone dipasang dhadha kiwa.
Penganten lanag uga nganggo kalung teka ringgit lan kembang sundel.

Peragate Penganten Kanggo Upacara Surup/Kawinan



Sadurunge ngelaksanakaken kawinan antarane calon penganten lan juru paes kudu nganakaken cecawis ragat (material) lan doa (spiritual). Bandha yaiku barang-barang kang diperlokaken nalika upacara iku. Dene cecawis doa yaiku antarane sekabehe larangan-larangan kang bisa gawe batale upacara kudu ditaati.

• Cecawise Juru Paes
Cecawis ragat yaiku nyiapaken penganggone para calon penganten lanang lan wadon. Dene cecawis doa yaiku tukang paes nyawisaken sajen utawa peras kanggo waktu maesi penganten, uga ana kang ngelakoni puwasa, supaya apik lan selamet ulihe maesi. Dene perase yaiku: gedhang raja petang lirang, beras sak kilo, gula jawa, kelapa kang wis dipacaki lan diendoni bolak lawe, kinangan komplit, kembang telon dibungkus kang diselempiti ambi picis sak cukupe kang diarani sari. Peras iku kadhung wis mari maesi digawa mulih ambi tukang paese.

• Cecawise Penganten
Rong ulan sak durunge upacara, penganten loro sing ulih menyang-menyang. Sebab nanggung kala. Limang dina sak durunge upacara, pengantenwadon dipangur utawa diasab. Ngasab iku dilaksanakaken ambi tukang pangur. Doane gedigi:
Wajah gumerem luwir gendhis, awetu kang cahya, saking gebyare waja, rema memeh wilis.
Artine:
Untune mencorong kaya mutiara, gemuyune manis kaya gula, awake katon mencorong merga teka mencoronge untu, rupa kaya dene serngenge, rambute cemeng gemilap.
Sakliyane iku pengantene dilurubi utawa diatali. Bahane: kunir, temu giring, godhong kemuning, godhong nangka hang kelire kuning kadhung bisa kang wis temebluk dhewek, godhong langsat hang temebluk dhewek, kencur lan beras. Kabeh bahan mau digerus lan diendoni banyu sithik. Nganggone dipulasaken nong awake penganten setengah diploroti supaya awedhak mau jangget lan kulite katon rijig.
Ngarepaken surup kira-kira kurang sedina, dianakaken tirakatan ambi maca lontar serat Yusup lan serat Dewi Jalehok.

Siraman Mbuwang Kena/Sangkal
Isuke kira-kira jam lima isuk calon penganten nong kali diedusi bareng. Tapi kaline kang mili. Calon penganten terus diedusi nganggo toya arum. Karepe adus iku supaya calon penganten selamet, lan rupane calon penganten bisa mencorong. Carane ngedusi, kawitane diedusi ambi dhukun penganten lan didoani sawise iku buru para dulure utawa wong tuweke calon penganten milu ngedusi. Serta wis mari adus calon penganten lanang dikongkon mbuwang utawa ngelekaken celanane, terus kang dikongkon njuwut calon penganten wadon. Kang nduweni arti supaya acalon penganten rukun kadhung umah-umah. Saliyane iku siraman iku nganggo peras utawa sajen yaiku: gedhang raja, beras sekilo, gula abang, kelapa kang diendoni bolak lawe, kinangan komplit, picis sari dibungkus kertas sak cukupe.

Peragate Penganten Nalika Arep Surup
Upacara temu manten kadhung cara Using diarani Surup. Merga ketemune penganten lanang lan wadon iku dianakaken waktu surup utawa lingsire serngenge ring kulon. Malah akeh-akehe ngarepaken magrib. Tahap-tahapane upacara surup iku yaiku: arak-arakan, sadhokan utawa disurupaken, borehan lan jejer.
Arak-arakan



Umume kadhung arep disurupaken ngarake penganten lanang lan wadon sing bareng. Penganten wadon nganteni ring pangonan surup, aju penganten lanang teka marani penganten wadon. Tapi kadhung ring Desa Kemiren bida maning. Penganten lanang lan wadon dipaesi bareng aju melaku diarak melaku nong panggonan surup kang biyasahe ring umahe penganten wadon. Waktu arak-arakan iku penganten wadon dijolang utawa ditandu. Penganten lanang nunggang jaran. Ring arak-arakan iku dikawiti ambi kesenian barong ring arep. Dene kelengkapane arak-arakan iku antarane: umbul-umbul, peras suwun, bantal kelasa (lamaran), penetep, ramesan, rantang, wanci kinangan sak isine, payung lan sak bokor banyu arum. Penjelasane kaya ngisor iki:
* Umbul-umbule nganggo cagak papahe aren, ring pucuke disisani godhong sithik diwangun kaya kepet, hang perlune dienggo gantungane jajan kaya dene kerupuk abang ijo, wajik, kucur lan sameceme jajan kang keneng ditaleni.
* Peras suwun, teka arane baen wis nduduhaken kadhung peras mau cara nggawane disuwun. Kabeh uba rampene peras diwadhahi ring irig gedhe utawa renggong digawe teka semate godhonge lirang dienam arang kaya welasah tapi cepak. Dene isine padha ambi peras-peras liyane mung baen ditambahi godhong-godhongan yaiku godhong andong, godhong kemuning, godhonge puring, godhonge kelampes, godhong suruh belang lan kembange jambe utawa mayang lan uga godhonge alang-alang apa-apa. Saliyane iku magih ditambahi takir kang isine bawang abang bawang putih lan temu cemeng.
* Dene peragat lamaran, bantal lan guling iku digulung ambi kelasa hang teka mendong utawa pandhan. Cara nggawa kudu disuwun lan hang nggawa kudu lare magih lancing. Kabeh iku bantal lan guling iku nduweni arti, gok penganten lanang lan wadon iku wis dewasa jasmani lan rohanine saenggo sagah umah-umah.
* Penetep yaiku kendhi diwadhahi ambi bokor kuningan isine banyu putih. Penetep iki nduweni arti supaya penganten sekarone ulihe umah-umah bisaa nduweni pikiran hang kening kaya keninge banyu kang ana ring njerone kendhi mau.
* Wanci iku wadhah kinang, hang komplit ambi isine pisan yaiku: suruh, enjet, gambir, jambe lan bakok sisig. Kabeh iki nduweni arti supaya penganten sekeloron bisa ngerukunaken keluwargane karo.
* Rantang meh padha ambi welasah naming bidane kadhung rantang digawe teka semate aren dienam arang-arang, cepak lan wera tinimbang welasah. Rantang iki kanggo wadhah tumpeng, akehe loro. Kelire abang lan putih komplit ambi iwake pisan. Maksude yaiku: tumpeng abang lan putih iku ngelambangaken rohe bapaj lan emak. Dikarepaken supaya penganten sekelorone tetp enget nong wong tuweke lanang wadon.
* Ramesan iku jajan cilik-cilik diwadhahi rantang kang ngelambangaken kumpule para keluwargane penganten lanang lan wadon.
Nggawane penetep, wanci, rantang lan ramesan iku didadekaken siji dikudhungi taplak hang digawe teka kari-karine encit disambung-sambung.
* Payung dienggo nalika arak-arakan. Penganten karo dipayngi supaya aja kepanasan utawa kudanan, uga nduweni arti supaya penganten karo dijaga ambi Gusti Allah .
* Toya arum iku kembang telon diwadhahi bokor diendoni banyu hang gunane dienggo borehane penganten.
* Beras kuning yaiku beras hang kelire kuning, asale teka campurane beras lan banyune kunir, diwadhahi nong bokor kang artine supaya penganten diedohi balak lan belahi.
* Jolang utawa tandhu yaiku kursi penjalin kang dibungkus ambi kain liris, ring sendhenane diendoni janur kang digawe kaya gunung-gunungan, uga diendoni selendhang kang dikeleweraken biyasahe nganggo selendhang kelire kuning.
* Jaran kang ditunggangi penganten lanang biyasahe jaran kencak aju bisa njuged kadhung ditabuhi.


Urut-urutane Arak-arakan
Paling ngarep dhewek pitik-pitikan uatawa garudha, barong, tabuhane barong, umbul-umbul, peras suwun, bantal kelasa, penetep, ramesan, wanci lan rantang. Terus ring mburine barisan iku aju penganten wadon hang dijolang lan ring mburine penganten lanang kang nunggang jaran terus ditutup ambi keluwargane penganten.

Sadhokan utawa Surup
Sawise arak-arakan gadug ring arepe umah kang dienggo panggonane surup, penganten lanang lan wadon mudhun teka jolang lan jaran nuju njero umah (biyasahe ring njero terob). Penganten lanang ngadeg ring ndhuwure kelasa pandhan madhep nong kuwadhe, penganten wadon sabalike. Dadi bisa adhep-adhepan ngidek tepis. Sawise iku dhukun penganten nyekel jempolane penganten lanang lan wadon aju ditemokaken. Dene kelasa lan tepis iku nduweni perlambang supaya penganen ring mburian mbesok sing gampang keneng pengaruh lan sing nyeleweng

Borehan
Borehan yaiku sawise penganten disurupaken, penganten wadon dikongkon ngepus sikile penganten lanang ambi toya arum. Maksude supaya penganten wadon bekti lan nurut ambi kang lanang.

Jejer ( lungguh ring kuwadhe )


Samarine acara borehan diterusaken ring acara jejer utawa lungguh ring kuwadhe. Kadhung bengen penganten loro dilungguhaken ring kuwadhe sewengi jampleng, naming kadung saiki kira-kira jam sanga penganten wis diedhunaken, kanggo nyalami para dhayoh. Jejer iku nduweni arti supaya penganten loro tetepa rukun ulihe umah-umah, dadiya sampek kaken-kaken ninen-ninen.


KUNTULAN-KUNDARAN




Ning endi baen kadhung masarakat iku ubeg kebudayane urip, mesti sing mari-mari ulihe olah kreatip paran baen kang ditampa lan dirasakaken. Kaya dene wong Banyuwangi (waca: Using) masiya jare tulisan sejarah kelebu masarakat ring pulo Jawa kang paling pungkasan melebu Islam lan paling wangkot nampa Islam, nyatane serta wis ngakoni Islam olah kreatipe ngolah kesenian kang dianggep nduduhaken tenger Islam seru dhinamise. Lan teka asil olah kreatipe iku nduduhaken ga wong Using iku sing nduweni wates-wates kang bisa nebeng kreatipitas.

Kesenian kuntulan lan kundaran keneng dienggo conto lakune olah kreatipe wong Using kang dhinamis iku. Kesenian kuntulan kang kawit-kawite mung digelar nong langgar-langgar kang tujuane muja-muji Kanjeng Nabi Muhammad, suwen-suweni sing bisa dicekeli mekar dadi kesenian kang sing mung kanggo ritual baen naming uga dadi kesenian tontonan (profan). Panggonane ngalih teka njero langgar nyang njabane langgar, yaiku nong latar, genjot, teratag, lapangan lan sepiturute. Panganggone sing sarungan maning, naming mili nurut galur rasa seneng. Semono uga jugedan, tabuhan lan sastrane. Apa mandheg gadug kono? Using. Kreatipitas terus gemulak. Nalika kuntulan wis sing diapresiasi masarakat, mecungul reinkarnasine, yaiku kundaran. Kabeh renggan senine uwah. Pengangone, tabuhane, jugedane. Uwah-uwahan kang radhikal yaiku penarine. Kadhung kuntulan kang njuged lanang, kundaran kang njuged wadon. Uwah-uwahan iki kanggo ukurane wong santri wis nyimpang teka tujuan kawite, yaiku seni ritual. Naming yaiku mau wong Using sing nduweni wates-wates kang nyancang kreatipitas.

Apuwa? Akeh jawaban kang bisa disuguhaken enggo njawab soal iku. tradhisi keraton kang sing mugen ring Banyuwangi, manggone Banyuwangi kang nong pesisir, antarane keneng bisa enggo jawaban. Maksude kerana tradhisi keraton tipis, mula wis dadi anjerahe masarakat kang gedigu wis biyasah duwe karep bebas nentokaken sikap, sing ana kang matesi nganggo aturan iki lan ika teka keraton. Bida ambi masarakat kang urip nong tradhisi keraton. Mula biyasahe akeh pranata kang kudu diugemi. Panggonan ring pesisir bida maning. Pesisir jaman bengen iku panggonane ubeg penguripan lan pusere lakune budaya. Nong kono kumpul lan teka macem-macem kelire bangsa lan etnis. Mula wong Using (waca: Blambangan) wis biyasah nyawang, nampa lan ngerasa akeh macem kelire wong kang bida-bida. Ana kang gedigi ana kang gedigu. Kahanan iku nggawe sugihe lan werane gayuh pikire wong Using. Kerana wis laku sejarahe wong Using kang gedigu, mula keneng dipahami kadhung kesenian kang diasilaken ya nduduhaken sipat kreatip kang bebas.

Apuwa diarani Kuntulan?


Ana kang ngomong diarani kuntulan kerana kesenian iki kawit-kawitane kostume sarwa putih kaya manuk kuntul. Manuk kuntul dhewek keneng dienggo tuladha. Yaiku manuk kang dhemen seduluran, merana-merene miber bareng jakakehan, rukun. Sing tumon ana manuk kuntul miber dhewekan. Mula iku pantesane baen dipilih manuk kuntul dudu banyak kang uga wulune putih.

Ana maning kang ngomong, kuntulan iku asale teka ucap basa Arab “kuntulail” kang artine “anane wayah bengi”. Para santri kala iku mula maca berjanji biyasahe wayah bengi.

Budayawan Akhudiat kang wong asli Rogojampi nguweni pengerten kang lebih jeru. Hadrah kuntulan kang jugedane ambi lungguh lan sedhengkul kaya tari saman teka Sumatra, asal muasale teka amalan sama’, yaiku konser tabuhan sesembahan nyang Pengeran kang ana dikire lan jugedane, lan tradhisi maca puisi wong-wong sufi. Penganggo kang sarwa putih ngengetaken kain lawon buntele wong mati lan njegoge ruh menungsa mbesuk nalika girang ngadhep nyang Pengerane.

Sejarahe Kuntulan



Sejarahe kesenian kuntulan utawa hadrah kuntul sing bisa diedohaken ambi sejarah nyebare Islam ring Banyuwangi. Polahe keneng ditelusur dideleng teka kang diwaca ga kesenian iki asale teka hadrah berjanji ning langgar lan pesantren. Arane hadrah selawat. Kadhung penganggep iki bener, keneng dipastekaken kesenian iki ana serta agama Islam diterima wong Banyuwangi, yaiku sakmarine abad 18. Pastine kapan, sing ana cathetan kang kuwat. Naming nurut kasaksiane para sepuh taun 1940-an kesenian iki wis ana. Apa sedurung taun-taun iku wis ana? Tulisan iki sing bisa njawab bab iku. Kudu ana penelitian kang temenanan.

Taun 1955 mecungul rame ring kecamatan Rogojampi lan Kabat kaya ring desa Bodean, Tambong, Kawang, Pendarungan, Pengantigan lan liya-liyane kesenian terusane hadrah kang aran kuntulan. Nganggo 8 sampek 10 terbang, jidhor 2 gedhe lan cilik. Gendhingane lagu-lagu kasidah, lagu-lagu dhaerah lan lagu-lagu nasional wewarah perjuangan lan pembangunan. Kayata lagu “tamba ati”, “garuda Pancasila”, “perjuangan 45”. Kang nembang salah sijne rodate (wong kang njuged) ambi njuged. Jugedane kaya wong pencak, gancang lan bareng ngetutaken tabuhan terbang. Antarane kang njuged lan kang nabuh adhep-adhepan. Rodate lanang kabeh.

Sakliyane tembang uga ana ucap-ucap kaya komandone tentara yaiku “beri salam!”, “hormat satu kali”, “hormat dua kali!”, tembak satu kali, dhor!”, “tembak dua kali, dhor dhor”.

Kostume sarwa putih. Kelambi lengen dawa, celana, selonthong tangan lan kasut, kabeh putih. Kawitane nganggo kethu cemeng kang direngga pengiti. Seteruse diuwah dadi kethu putih lincip kaya pecine pejuang 45, pucuke lincip direngga iwir-iwir. Mari iku seteruse ana kang nganggo rompi diendoni monte. Nganggo dhasi kupu-kupu, terus ring pundhake ana kaya tandha pangkate prajurit lan selempang kelir emas.

Pungsine seni kuntulan kala iku sakliyane kanggo puji-pujian uga kanggo hiburan tontonan. Diundang ambi wong repot duwe gawe. Seteruse pungsine mekar uga dienggo ngarak penganten.

Serta kesenian kuntulan iki kesuwur lan akeh, seteruse kerep ditampilaken rong grup sak panggonan kaya angklung caruk. Gelaran anyar terus kejuluk “kesenian hadrah caruk”



Kuntulan Wadon



Kesenian kuntulan kang rodate lanang suwen-suwene sing pati payu, jarang kang naggap. Akeh grup kang mati. Kang magih urip ambekane senen-kemis. Siji-sijine grup kang magih urip ring desa Bodean kecamatan Kabat.

Ndeleng kahanan gedigi, taun 1976 Sumitro Hadi kang biyasah diceluk Pak Mitrok ngedegaken kuntulan nganggo garapan anyar kang rodate lare-lare wadon. Kostume lan jugedan rodate uga diuwah. Naming tabuhane magih tetep kaya kuntulan sedurunge. Kerana rodate wadon, garapan anyar iki diarani kuntulan wadon. Taun 1977 kuntulan wadon iki dipilokaken pestipal tingkat propinsi lan menang.

Naming olah kreatipe Pak Mitrok iki durung pati ditampa masarakat. Sing ana grup-grup liyane kang niru. Kuntulan wadon iki mung diundang ring acara-acara dines kabupaten. Antarane kuntulan wadon ambi kuntulan lawas (rodat lanang) urip bareng tanpa ngalahaken salah sijine. Malah tau ana upaya tampil kombinasi nganggo rodat lanang lan wadon. Naming upaya nyacak-nyacak iki uga hing diapresiasi masarakat.

Kundaran



Taun 1984 seniman dhaerah kang duwe sanggar seni “Sidopeksa” ring Singojuruh yaiku Pak Sahuni nyiptakaken garapan kuntulan anyar kang diarani “kuntulan dadaran” kang dicendhekaken dadi “kundaran”. Suguhane Pak Sahuni iki didhemeni masarakat. Ring endi-endi merujuk grup kundaran. Kadhang sak desa ana rong grup utawa lebih. Nurut cathetan, kala taun 1985 kesenian kundaran iki ana 90-an grup. Saking ramene kesenian kundaran iki sampek-sampek kesenian liyane ring Banyuwangi kimples sing payu. Gandrung, janger, macaan, kabeh kimples. Jare Mbok Temu “gandrung entek wis dicucuki kuntul”. Kerana gandrung sing payu, Mbok Temu sampek ganti propesi dadi sindhene kuntulan. Kerana rame lan didhemeni masarakat, kuntulan dadaran iki uga melebu rekaman, antarane yaiku grup kuntulan “Melati Putih” desa Aliyan kecamatan Rogojampi.

Naming masiya tampilan anyar lan Pak Sahuni ngarani kesenian iki kundaran, masarakat tetep ngarani kuntulan. Hale antarane loro kesenian iku akeh bidane, masiya bongkote siji. Bidane ambi kuntulan lawas yaiku rodate kabeh wadon kostume lebih pariasi lan kreatip, jugedane sing mung jugedan kuntulan, naming wis nganggo ubah ubege jugedan gandrung. Malah kang pungkasan iki lebih akeh. Semono uga lagu lan tabuhan iringane, wis akeh ngadopsi kesenian gandrung. Sakliyane tabuhan asli kuntulan, saiki ditambah kendhang, kethuk, keluncing lan gong. Malah ahir-ahire uga ditambah tabuhan melodis, kaya suling, baolah, orgen.

Tapsir Kesenian Islam



Andrew Beatty, antropolog Inggris kang telung taun nganakaken penelitian ring Kemiren (dulur Kemiren nyeluki Pak Androk) njelasaken ga ring Banyuwangi saiki iki urip bebarengan macem-macem paham lan rasa agama kepercayaan, kaya Islam, kejawen, Hindu Jawa kang padha ngisi lan ngiseni antarane siji lan liyane. Sing lungguh nong posisi nggolet benere dhewek lan nyalahaken liyane. Isun bener rika salah. Naming padha tuku tinuku pahame liyan, padha-padha niliki olah-olahane liyan, saengga seumpama kelir antarane siji lan liyane sing duwe bida kang terang.

Mula sing mohal nong laku budaya Banyuwangi seteruse sing mung siji identitas kesenian kang ngisi genjot. Sakliyane kesenian Islam kaya hadrah, gembrung, rengganis, kesenian liya kang nduweni jelujur ambi sejarahe Blambangan pra Islam uga bisa dideleng, kaya kesenian barong, gandrung, adat seblang, kebo-keboan, pethik laut lan sepiturute. Lan para seniman mau sing duwe ganjelan ati nguled macem-macem kesenian mau dadi siji ndadekaken kesenian anyar kang kelire campuran.

Kesenian kundaran salah sijine conto penomena ndhuwur. Nalika kesenian hadrah nganggo syair-syair Arab kang kanggo kupinge wong Banyuwangi kurang nyawiji, mula anane kesenian kang bisa dadi wadah nyaluraken rasa dhemen nyang agama Islam lan mesisan kang bisa nyaluraken entitas seni kedhaerahan lan sembarang kang sumbere sipate lokal sing keneng diempet. Mula kesenian hadrah kang mung nduweni kelir siji yaiku kelir agama, kelir arab, umure sing dawa. Naming nalika didadekaken hadrah kuntulan, bisa ditampa ambi wong Banyuwangi, lan umure bisa dawa. Naming sepisan maning apresiasi seni sing tau mandheg. Nalika kuntulan wis sing bisa nampung rasa seni kang terus mili, ya ditinggal ambi masarakat. Buru serta uwah dadi kundaran, kang sepisan maning kelire macem-macem, ana Islame ana Usinge, ana terbange ana kendhange, masarakat girang nampa dielus lan dikudang. Gedigu terus nalika kundaran kelangan kreatipe, masarakat terus nganteni wujud kesenian kang anyar.

Masarakat sing ibuk paren jare ahli agama, apa iku wis Islami apa durung. Iku sing penting. Mahami agama kaya dene mahami penguripan sedina-dina. Sing ana rujukan tunggal. Sing ana otoritas pemahaman agama. Takeran nyurasa agama bida-bida, sing kudu padha. Mula nalika ngelakoni urip seni, kelebu seni agama, ukurane ya awake dhewek. Tapsire kesenian Islam ya tapsire nurut sakmampune dhewek. Nyatane ditampa ambi wong akeh. Penomena ramene kesenian kuntulan, nduduhaken ga otoritas tapsir agama sing manggon nong institusi utawa lembaga resmi, naming ana ring utek lan atine angger wong.

Iki kedadean paran anane ring Banyuwangi. Kesenian liyane uga gedigu. Kadhung kepingin urip ning Banyuwangi aja nganggo kelir siji. Kudu bisa nyambung paran kang disurasa masarakat. Nyatane kelire masarakat sing siji, naming macem-macem. Wong kang ngaku pemahaman agamane otentik, asli, sing ana campurane, iku ngapus. Mohal wong bisa rijig teka pengaruh liyan pengaruh lakune budaya. Mula kesenian kang ketepakan duwe watek lan kelir kang gedigi kang bisa ditampa. Dudu kesenian kang methentheng nggawa sak kelir, lan sing ngelakoni uwah-uwahan. Kadhung kang disuwun keontetikan lan sing gelem uwah, iku padha baen nerak karepe Pengeran, hukum alam, lan sejatine iku anti budaya lan sing ngakoni sejatine menungsa.


































Ater-Ater

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Syukur Alhamdulillah sun panjataken nong kehadirate hang maha kuasa. Kerana Rahmat lan Hidayahe, isun lan konco-konco kabeh bisa ngerjakaken lan marekaken tugas Bahasa Using iki.

Sing lali, isun ngucapaken kesuwun nyang konco-konco kabeh hang wis milu adil ngerjakaken tugas iki.

Isun lan konco-konco wis ngerjakaken tugas iki sakmaksimal mungkin. Tapi sing nutup kemungkinan kadhung magih ana kesalahan hang ana ring tugas iki. Oleh sbab iku, isun lan konco-konco njaluk tulung kanggo hang maca tugas iki aweha kritik, sumbang saran lan panemu positip. Supaya luwih apik maning wektu nggawe tugas kaya gedigi maning. Amiiiin..............



Penyusun : MAULIDIYA NJ DKK SMPN 1 GIRI (RSSN) BANYUWANGI

MY MOM IS MY HERO

Bagai mentari kau menyinari duniaku
Laksana rembulan kau menerangi malamku
Bak air yang selalu menyirami taman hatiku
Layaknya bintang kau menghiasi langit dengan sinarmu
Mama……………
Usaha apa yang harus kulakukan ?
Tuk membalas semua yang telah kau korbankan
Tuk mengganti air mata yang kau jatuhkan
Hanya demi diriku, putrimu yang nakal
Mama……………
Bagiku, mama adalah sosok paling sempurna ke dua setelah Tuhan. Tanpa mama, aku takkan lahir ke dunia ini. Sembilan purnama mama menahan sakit hanya demi kehadiranku. Dan penderitaan mama masih belum berhenti sampai disitu. Mama masih harus merawat, menjaga, dan membibingku. Meski aku kadang tak patuh, tapi mama tak pernah lelah mengingatkanku dan akan terus menyayangiku.
Mama……………
Memang sekarang aku hanya bisa mengucap kata ‘Terima Kasih’ pada mama. Kan kulantunkan sebait nada untuk mama :
Ohh…bunda,
Ada dan tiada
Dirimu kan selalu
Ada di dalamHatiku
Tapi aku janji pada mama, jika aku besar kelak. Aku kan berusaha membahagiakan dan membuatmu bangga. Layaknya seorang Kartini, kan ku kenang jasa-jasa mama sebagai Pahlawanku.
Nama : Maulidiya Nur Jannah.
Kelas : VIII B
NO. Absen : 20