Monday, July 1, 2013

LOKONÉ WONG ORÉP

Udane wis rodo terang, sak mariné sembayang Isya’ kiro-kiro jam woluan hun déwékan mertamu “ Asslaamu’alaikum “ ; “Wa’alaikum salaam” Kang Bodos njawab salam isun. Ring kono ugo ono anake lanang penggarepé muridisun bengén magih sekolah ring SMA..... Adem rasane atai serto dilajoka’en, hun melebu ring kamar tamau, pikiran hang asalè nggerongsang rasané koyo wis nemu padang. Serto let rodo suwé anak penggarepé ngetoka’en widang kopai telung gelas. eLet sedilut maning ono suwarane spidah montor ngarepé umyah mandeg. “Assalaamu’alaikum”, salah sijiné muridé teko merono ; “ Wa ‘alaikum salaam” bareng hang ono ring njero ruangan tamu kompak podo njawab. Dilajoka’en tamu iku mau temokno yo salah siji muridé. “Monggo’ mlebaet .... kebeneran wedang kopiné pas tigo’ nikaei , monggo roh diénum kopinék mumpung tasik anget... kendelan mawon nikai mboten ènten kancanék” omongé Kang Bodos ngasoraken awaké . Hun lan Muridé emèh barengan ngomong : “mboten nopo-nopo’ Kang nikei empun cekap... Kulo saget ketemu sampéan ngèten nikai adeem rasané atei”.
Umyah hang adoh teko raméné kutho Banyuwangi. Adoh teko hang arané keméwahan lan gebyaré donyo, umah hang cilik saiki wis dikeramik bido ambi rongtahun kepungkur; Ukurané kiro-kiro enem lawan songo’. Ono kamar turau akehé loro’, kamar keluarga yo dienggo nonton tipai lan dienggo kamar mangan keluarga pisan; Kamar ngarep hang dienggo nerimo tamau. Umyah hang cilik hang lumayan apik. Tapi masio gedigau hang aran muridé teko merono gentenan baén jarè Kang Bodos. Hang teko merono macem-macem murid hang ditakokaken lan bido-bido keperluanék.
“Monggo’ roh diénum dadiyo mekotan, anu pak gendisé tasék teng ngandap” Kang Bodos mbalèni maning supoyo kopiné podo diombék. Hun ambi muréd iku mau bareng ngiling kopi ring lèpèkan terus let sedilut kopi hun ombék. “ Al hamdulillah “ kopi anget melebu gorokan tambyah padang pikiran lan moto’ adem rasané atèi.
Sak uwisé takon “ dugi nggriyo mawon tah?; mboten jawah tah teng ngriko’; kesehatané keluarga kepundai ; penggawean lan liyo liyanék; terus Kang Bodos mbukak omongé gedigei : “Wong orép néng alam ndonyo’ nikau tan keno kinoyo ngopo”. Kang Bodos mulai cerito’ nyang muridé. Anané Kang Bodos ngomong gedigau, polaé yané ikau asalé bengwèn sak durungé manggon ring kono’ yané lakoné uripé iku soro’. Soroné yané yo mulo kudu gedigau jarénék. Terus Kang Bodos nyeritakaen Lakone Uripé hang wis dilakonai.
Kang Bodos : “ Kulo nikai sengwen tasik anyar-anyaran kaléh tiang istri kulo soro’”
Murid takon : “Soro kepundei Kang”
Kang Bodos : “ Nggéh soro temenanan niko’ , saking soroné urip kulo’ dulur kulo dèwèk nikau mboten ènten hang ajeng teng kulo’, ojo maning nyokani tedanan teng kulo’ jaré basanané; “ tenong-ténongo érég kemureb, ngomong-ngomongo’ ngelirik hing arep”.
Muridé takon kambi rodo’ héran : “ Indané sampék kados mekoten Kang ?”
Kang Bodos : “ Masa-alaah ndiko nikau, kari mboten percados teng kulo’ ”; “ Sampéan tangledaken mpun teng rabin kulo’ “
Muridé : “ Moso mekoten Kang .... yo kari kebyangeten temenan dèrèk ndiko nikau padahal kan niku dèrèk ndiko dèwèk; mandanéyo kadung tiyang lintau yooh Kang? Aju kepundai”;”Sebab kepundiyo mawon hang aran dulur; èlè’o tanpo rupo ibaraté. Hang aran dulur yo tetep dulur, ojo sampék kulo sampéan medotaken seduluran. Jaré hang biso ngomong megotaken suduluran biso ngurangi rijekei.... mekoten tah Kang? “.
Kang Bodos nerusaken ceritanék : “ Yo leres nikau “ ; “ ..... Naming sedoyo niku wau asalé sumber kesalahan dugi kulo dèwèk nikai”.
Murid : “ Leh ndiko nikau .... salah ndiko dèwèk kepundi héh ceritanèk kulo kok dadi tambyah penasaran, padahal sampéan sak nikai saget kulo arani tiyang hang adem ayem mboten enten masalah hang mboten saget sampéan adepai. Sedoyo murid sampéyan dugi Indonesia pucuk wetan sampèk pucuk kulon. Dèrèng hang dugi luar negerei mung kari telpon masalah bèrès mekoten yoroh ? ”
Kang Bodos: “ Mekèten .... “ . kang Bodos ambi rokokan nerusaken ceritanék : “ Sak jané Bapak Emak kulo niku ninggali warisan teng kulo lan dérék kulo niku cukup; Umpomo dienggo urip sak beneré mawon, kulo lan rabin kulo’ nikau cukup, malah-malah saget lebih” ; “ tapi kulo saat nikau kurang nyukuri nopo hang dadi paringané Pengéran”(Gusti Allah).
Murid : “ Mboten nyukuri kepundei séh Kang ” ?
Kang Bodos : “ tasik anak kulo’ buru laér kulo’ niku demen maén “ ; yo kertau , geluthuk, èrèk-èrèk .... buntutan sampék entèk-entèkan warisané dugi Bapak lan Emak kulo’ malah sawahé embok kulo yo katut kulo sadék, yoro empun wéh ? hèh hèh hèh ” Kang Bodos ambi gemuyau; “ Mulai nikau lah kulo sadar éling dawuhé Gusti hang akaryo jagat “ sak temenè Gusti Allah iku hing bakal ngerubyah nasibe menungso kadung menungso iku mau hing gelem ngerubyah déwék” ; ” kadung gedigai terus kelendai tah anak lan rabinisun “ ; “ kulo mulai medamel sak benerék, ésuk sampék bedug kadang sampék sorèn nggolèt pangan turut pesésér ngukuri segoro’ (mancing) kadang angsal kadang mbotaen, nggih dugi angsal kulo mancing nikau hang kulo enggè nedo’ saben dino’ kaléh anak lan rabin kulo’ mekoten terus sampék anak kulo hang nomer tigo laér ” ; “ Embenginék kulo’ pados ilmu nggé sanguné tuwèk, kulo megurau teng Bapak Mertuwan kulo dèwèk, teng poro Kiai, teng sesepuh pundi mawon kulo cecep ilmunék. Naming kulo belajar teng alam yo sering kulo lampahi, alas lan guwo’ pundi mawon sampék teng alas Purwo yoro empun ? nggih kulo lampahi “
Murid : “ Sampéan meguru teng Kiai lan teng alam kepundi nikau Kang ?”
Kang Bodos disambi rokokan maléh nerusaken ceritanék ambi gemuyau meledèk katon untunék hang magéh wotoh dadiyo umuré wis lebéh sewidak loro tahun : “ mekètan yah tiyang gesang ring alam ndonyo nikau ibaraté mung mampir ngombék “ ; “ orép teng ndonyo nikau mboten dangau, mung sedilut mboten ènten umuré sampék sewu tahun, padahal orip hang sak beneré nikau nggih orip sak sampuné pejah nggih tah ? “ ; “ dados hang kulo suwun sagetho orip hang sampurno wonten ndonya lan akhérat menké “ ; “ nggih nikupun hang kulo padosei nopo ten pak Kiai nopo teng alam “
Murid : “ yo enggéh Kang “
Kang Bodos : “ Kulo nikei asliné yo kepéngén sogéh nikau, sinten séh tiyangé hang mboten kepéngén sogéh ? sedoyo tiyang akèh-akèhé yo kpéngén sogéh yoro enggéh ? , naming kulo nyalah dalan kulo’, yo nopo’ umyah sawah warisan mpun èntaen sangking kepinginé tambyah sogéh dienggo maén ( diudokka’en ) “ ; “ warisan mboten tambyah akèh malah tambyah entèk-entèkan héh héh héh” Kang Bodos ambi gemuyu maning.
Murid : “ Slaminé sampéan megurau teng pak Kiai, teng alam lan maksudé ungelé sampéan ... Wong orip ring ndonyo tan keno kinoyo ngopo nikau kepundai ? “
Kang Bodos : “ Mekètaen ... sogéh pangkat derajaté, sehat larané, rjekiné, orép lan matiné menungso nikau hang nggadah pakem mung Gusti Allah; Kulo lan sampéan nikei mung saget ngelampahi nopo kang dadi perintah lan nebihi larangané Gusti Allah” ; “ methenthengo kang kepundei mawon mpun sampéan medamel, sampéan nggolet tombo, nggolet pangkat derajat, tetep kulo sampean kudu tunduk patuh nopo kang dados pakem utowo takdire Gusti Allah” ; “ wajibé kulo sampéan ikhtiyar syaréat lan tawakkal”
Murid : “ sniki sampéan mpun saget istilahé niku murid sampéan hang nggadahi masalah saget maringi pencerahan pepadangé atei niku kepundai Kang ? “
Kang Bodos : “ Kulo nggadah Guru Kiai linuwéh hang maringi snépo teng kulo’ ... “Mbyah kadung sampéan melebu Swargo ojo kiyambekan Mbah, hing enak dèwèkan melebau suwargo nikau, dadiyo kulo yo Sampéan ejak mbyah melebu Suwargo’. Wénaak byareng-byareng melebu Suwargo nikau Mbyah “ Kang Bodos niroks’en omongané Gurunék ; “ Molai niku pun kulo nikei purun mbokak babagan ilmu tuwèk ngantos sak niki-bikai “
Murid : “ masalah nopo mawon “
Kang Bodos : “ Nggih macem-macem masalah contoné masalah ilmu tuwèk yoniku Iman Islam lan Ihlas hang sak beneré “ ; “( pengobatan, pengasihan, kepangkatan, lan kathah maceme masalah ) “ ; “ kirangan nggih sintaen hang nduduai padahal geriyan kulo nyelempit ngetaen nikei yah, tapi ènten mawon hang dugei ngerikei “ ; “ Sedoyo nikau Gusti Allah hang nggadah pakem lan ngersa’aken “ ; “ kulo nikei mung terimo ngelampai lan kulo mboten ènten pamrih nopo-nopok “ ; “ umpomo kulo poron tahun embèn Hajian tahun 1434 kulo dijak hajei, padahal mpun dibetakka’en artho sak tumpuk mbuktekka’en kiyambeké sukses warungé, niku tiyang Papua ngriko’ “ ; “ mung liwat HP kulo saranaken ngarepan warung supados ditanduri tebau cemeng... Alhamdulillah diparingi garus warungék “ : “ naming kulo mboten purun... Tiyang haji niku kan lamun kuwoso’ ngoten tah ? “ . Kiro-kiro pirang dino kepungkur ono penelpon teko Jakarta nuwun solusi, rabine niku meteng nopo penyakit ? kang Bodos namung nyuwun supados maos Surat An Nas ping sepoloh angger mari sembayang limang waktau, lan dikongkon ngombék banyu kelopo hang wis kéréng. Let pirang dino oléh kabyar teko Jakarta jaré ceritane penyakité hang nempel ring rahimé wis ilang waras mari sanking kersané Allah Swt. Malah-malah wong Jakarta nikau ambi keluargané arep dugei ngerikei mung kanggo silaturrahmi lan kesuwun saking syukure maring Allah Swt jaré Kang Bodos.
Murid : “ nggih mpun dangau Kang, mpun méh jam kaleh welas sak dèrèngé wangsul kulo nggih sampean paringi sangau ( ilmu )
Kang Bodos : “ Nggih nikai sampéan tolis ...” Kelimah nikau dilakoni dalu tengah wengai sak sampune sholat tahajud . terus dzikir lan kelimah hang sampean tolis niku wau diwoco terus meneng kaléh ngilangaken roso kepinginan kedonyan, tan keno kesusu ngumbar howo nafsu. Insya Allah Gusti hang moho Agung maringi pituduh hang biso dienggo ngelakoni orip hang sak beneré lan weruh dalané moléh madep Gusti Allah Swt.
Murid : “ Nggih mpun Kang sepuntené lan pendongané mawon “ ; “ Wassalaamu ‘ alaikum warohmatullohi wabarokaatuh “
Kang Bodos : “Wa’alaikum salaam Warohmatullahi Wabarokaatuh “
Serto murid iku mau moléh, hun magéh ring kono keloronan ambi Kang Bodos hang magéh nerusaken ceritoné. Uliyé ngangsu kaweruh merono-merono’ ; sakat uliyé urép soro keloroloro, endi Kiai hang linuwéh diparanei, endi alas lan guwo hang jaré angker yané paranei, dilungguwei ( kholwat ) ; Sangking kepinginé nduwé kaweruh hang luhur, sangking kepinginé weruh sejatiné orép hang sak benerék. Lan sangking kepinginé selamet ring ndonyo lan akherat. “Umpomo angsal rejekei yo rejeki hang berkah dienggo sangu ibadah, ojo sampék rejeki katah tapi mboten berkah. Artiné rejekei niku wau ojo sampék dados alangané kulo sampéan madep teng ngersané Gusti Allah Hang Moho Agung” gedigu ceritané ( Lakoné Wong Orép ) hang magéh dilakoni Kang Bodos.
Hing keroso wés jam hiji bengei, hun gesah ambi Kang Bodos, rasané koyo mung sedilut, paran kang hun rasakka’en orép kang hun lakonei koyo-koyo magéh adoh. Durung gadug kang aran orép sak beneré orép, magéh nggerongsang hing karuwan. Sedurungé pamitan hun njaluk nyang Kang Bodos supoyo mulang muruki isun supoyo weruh Lakoné Wong Orép kang sak beneré. Wurukané Kang Bodos antarané ring ngisor ikei:
1. “ Bejo bejané wong kang lali luwéh bejo wong kang éléng lan waspodho ( RM Ronggowarsito ) artosé kulo sampéan niku kudu ati-ati orép teng ndonyo, sebab kathah sanget alangan lan ma’siat kang saget ngalangi atiné kulo sampéan marek dumateng ngersané Gusti Allah kang Moho Kuwoso”
2. “ Sak empuné sampéan sholat tahajud dalu tengah wengei mantun maoco syahadat istighfar sholawat lan liyoliyané sampéan maos nikei ...... ( sepurané kang kathah mboten tolés teng cerito nikei kanggé ngindari khilafiah ) “ terus sampéan meneng pun lan kudu ihlas ngedohono howo napsau. Insya Allah kirangaen ngkapan ? Sampéan badé angsal hidayah saking Gusti Allah. Lakoné Orép sampéan niku mengké diduduwaken”
Wulangané Kang Bodos buru marei kiro-kiro jam setengah loro bengei hun terus pamitan “wassalaamu’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh” Kang Bodos nyalami isun ambi jawab salam “wa’alaikum warohmatullahi wabarokaatuh” ; “ ngatos-athos pak lan kesuwun rawuh sampéan ” . nggih podho-podho Kang Bodos kulo nggih kesuwun.
Banyuwangi Ditolés : 7 Rejeb 1434 H / 17 Mei 2013 M
adul charli assonggoni

No comments:

Post a Comment