Monday, July 1, 2013

SEGO TEMPONG MBOK LEBOH

Mbok Eduk saiki orép dèwèkan (rondo) sakat mari ditinggal mati kang lanang sabené béwén sing, tanggal 12 Mulud 1434 H kepungkur. Ditinggali anak loro’ lanang siji wadon siji, anak lanangé kelas X SMA arané Buwang, wadoné arané Leboh hang magih kelas IX SMP. Mbok Eduk dalu tengah wengi sak wisé sholat hajat ambi wiridan sak bisané mandengi anaké kang turu ring sebelahé yané sholat lail, dadiyo sedilut yané tau mondok, suwi-suwi hing keroso motoné mberebes milei, ènget kang lanang hang wis moléh nyang alam kelanggengan madep Gusti Allah kang nggawè orép, ring njero atiné ngomong: “Wang lan anakisun wadon Leboh... saikei Bapakiro wis hing ono’ wis molèh nyang Gusti kang nggawé orép, hiro kabyèh dadiyo wong kang sholéh lan pintaer supoyo biso njunjung derajaté emak lan bapairo’, ojo dadi wong kang duroko” ; Mbok Eduk terus ndongo :“ Duh Gusti Kang Moho Kuwoso kulo nyuwun dumateng panjenengan Gusti duduhno dalan hang leres kulo lan anak-anak kulo supoyo selamet wonten ndonyo lan akherat, sokanono rejeki hang kathah barokah Gustii Allah Allah Allah ya Rasulullah” : “Washollallahu ‘alaa sayyidina Muhammad wa’alaa aalihi washohbihi, ajma’iin walhamdulillaahi robbil ‘aalamiin, aamiin ya robbal ‘aalamiin “ gedigu iku hang dilakoni Mbok Eduk saben benginék.

Kang Monèk lakiné Mbok Eduk mulo sing ninggali bondo warisan akèh, polaé pegawèani dagang serabudan, dagang paen baén poko’é ngasilaken. Ono usum durèn, manggis, rambutan, poko’é usum wo-wohan paen baén iku hang didagang. Dagangané hang mesti saben dinanék hang sing tau ono asaté gedang. Ring Pasar Songgon kang Monék nggelar dagangané. Tapi serto Kang Monék wis hing ono’ Mbok Eduk hang nggentèni dodolan gedang utowo wo-woan usuman liyané. Gusti Allah kadung arep ngangkat derajaté menungso hing langsung nemu dalan hang énak. Contoné hang dialami Mbok Eduk, bondo lan dodolan wo-woan hang ditinggali lakiné suwi-suwi hing tambyah akèh naming malah sod embuh paran sebabék, dagangan wo-woan biasané ramé hang tukau, saikei hing ramék koyo bengènék. Ujiané Allah nyang Mbok Eduk sakat ditinggal mati hang lanang aboté temenanan. Sangking aboté ngadepi orép soro hang hing biso dinalar. Yo paran dodolan wo-woan hang didasaraken hing pati payau, malah akeh hang podo bosok pungkasanék .... jobrod wéh.
Mbok Eduk wong dasaré tau nyantrei ring pondokan, suwiné yané mondok ambi Pak Kiai tau diwulang masalah agomo bab Aqidah Qodlo Qodar, Ikhtiyar lan Tawakkal. Pak Kiai Dawuh: “Poro santriku kabeh wong orép iku kudu nerimo ing pandum Gusti” ; “wong orép kudu nyambut gawé utowo ngamal”. Mulané dadiyo kendei baén dodolan nerusaken dodolan tinggalane hang lanang terus dilakoni, sholat bengi yo ugo terus dilakoni saben bengi sangking kepinginé biso minteraken anakék, ojo sampek uripe soro koyo yanék. Dalu tengah wengi pas malem Jemuah sak uwise dzikir lan ndongo mageh nganggo rukuk yané ngimpi ditemoni Iyek Anangé hang wis ninggal donyo ngomongi yanék : “ Byéng putunisun siro ojo béngung lan ojo kuwatir”; “ Iman lan sembayangiro hang jejeg lan temenanan” ; “ enggih Nang “ Anangé terus ngomong maning: “ Ojo dodolan wo-woan hiro byèng “ . “ napuwo heh Nang “ eduk takon setengahé heran kok anangé ngomong gedigau. “dodolono liyane baén “ terus Yèk anangé pamit “wis byèng hun nak moléh”. “ nggih Nang “ Mbok Eduk kaget magih nganggo rukuk, jenggirat tangi mlaku nyang ceding wudlu maning terus sholat shubuh.
Masak kanggo sarapan anak-anaké wis dadi kebiasaané mbok Eduk. Jam setengah limo’ Buwang lan Leboh digugai .... sholat sholat wis shubuh. “ Nggih Mak” laré loro mau jenggirat tangi, adus, sholat shubuh terus siap-siap nganggo kelambi seragam sekolah, ambi ngenteni sarapané belajar pelajarane hang arep dipelajari ring sekolahan. Lik byeng kei sarapané wis mateng, sarapono wéh. “ Enggih Mak “ keloronan sarapan sak ananék hang penting wetengé ono isinék. Iwak teri lan sambel terasei sarapan sederhana saben dinanék. Buwang lan Leboh yo hing tahu sambat nyang ema’ék, dasar laré hang taat lan bekti nyang wong tuwèkèk. Jam stengah enem anak-anaké pamit “mak kulo melampah sekolah, pendongané mak” ; “ yo lék byeng ati-ati ring ndalan ojo lali ndongo njaluk selamet“ . “ enggih mak amiin ambi salaman nyang emakék” Serto anaké wis melaku mbok Eduk nyiplang sepidah montoré, nyang pasar ambi nggowo daganganék. Lapak dibokak “Bismillahir Rohmanir Rohiim.... (laris X3) saking kersané Allah” dongané mbok Eduk supoyo dodolané payu. Al hamdulillah dadiyo hithik ono payunék naming yo hing koyo raméné koyo magéh diadepi lakiné bengwèn.

Wis seminggu kepungkur impèn ditemoni Iyèk Anangék hing tau dipikir ambi mbok Eduk. Naming seto mari tahajud, wiridan, yané keturon maning ngimpi ditekani Anangé. Lan isiné impèn hing bido ambi impene hang sabenék. Buru mbok Eduk mikir-mikir pa’en indané yooh artine impènhun ikai ??? Buwang diceluk Lék Wang miniyo tah solong. “ Nggih ènten nopo mak ?” . “ngkésuk Sabtu pelajarané ono hang ulangan tah? ... kadung hing ono’ hiro arep hun jak nang umyahé Pak Yai guruné emak, nggaweka’en surat ijin titipno kancaniro’ enkesuk” . “nggih mak kulo poron” mboten enten ulangan dinten niki mak.
Sabtu esuk adiké wadon wis mari sarapan terus pamitan “ pendongané mak kulo melampah sekolah” . “ yo melakuwo hang ati-atei ojo selaperan myakné selamet lakuniro ring dalan “. Leboh “ enggih mak As salaamu’alaikum Wr. Wb “ . “ Ayo wéh lék melakau myakné hing kawanen gadugé ring konok “ ; “ojo surat-suraté, jakèt lan helmiro myakné selamet “ . Buwang melebu kamar salén celono levi’s jakètan kolét tinggalané tinggalané Bap’ék. Serto Buang metu teko kamaré keroso semendal atiné mbok Eduk weruh anaké wis lancing tanggung hang sagahé hing mbuwang Bap’ék, hing keroso eluhé nètès mberebes milai. “Monggo mpun mak melampah “ . “ yo ayo wéh ... Bismillahi tawakkalnaa ‘alallah laahala walaa quwwata illaa billaahil ‘aliyyul ‘adhiim ... (selamet x3) sangking kersané Allah, laa ilaaha illallah Muhammadur Rosuulullah. Amiin x3 ya robbal ‘aalamiin.

Gadug ring umaé Pak Yai jam setengah songoan gedigau, mbok Eduk uluk salam. “Wa’alaikum salaam” ééé ènten dayoh “ monggo-monggo mbok Aby tasik dluha sampèan rantos kerin, kulo teng wingking kerin. Let sedilut putri Pak Yai ngetoka’en wédang kopi telung cingkir di sosol Pak Yai medal “ Yééé riko Duk ? wis lawas yoh? Hing tau merenék “ . “ nggih Yai .. sak umurané anak kulo nikai’’ ; “ Wis duwanak piro’ ? kok Bapa’é hing dijak ? “ . kerungu pak Yai nyebut Bapa’é hing dijak Eduk meneng motoné ngembung éluh maning nberèbès ring pipinék. Ndeleng Eduk ngéluh motonék Pak Yai meneng ngeningaken roso pikir lan dzikir ambi setengah kagèt : “ Astaghfirullah ... sepuranen hun Duk hang akèh, hunhing weruh”;” Yo talah Duk menungso orép kudu nerimo pandumé Allah, Iman Sabar lan Tawakkal. Inna lillahi wa inna ilaihi rooji’uun”; “ nggih Yai kulo ihlas “ Eduk terus ngaturaken kelepatan lan : “Sowan kulo ngerikai sepindah silaturrahmi, kaléh nyuwun nasehat , tigho nyuwun pendongo saking Yai” Menenga’en pikir lan dzikir ... “sampèk lalai ayo diombikselak adaem” . “ nggih Yai “ Buwang lan ema’ék terus ngombik bareng pak Yai ... “Al ham dulillah” bareng.

“Wong orép ring ndonyo iku Duk kudu nerimo pandum Gusti Allah, paen hang hiro alami hing hiro dèwèk”. “Kulo kudu kepundai Yai ?” Mbok eduk nyelani dawuhé Yai. “ yo gedigi Duk iki pumpung anakiro ono’ gdigi lék “ Hiro anak lanang hang tuwèk yo kudu bekti nyang mmairo’ ojo nggagal dadi laré’ sebab wong bekti nyang wong tuwèk apik pongkasane’, sebaliké wong hang duroko ambi wong tuwèk kedongsang-dongsang uripék. Hiro sekolah hang patheng myakné biso njunjung derajaté emmak lan bapiro’ hang wis moleh ring alam kelanggengan”. “Enggih Yai” meh byarengan Buang lan ema’ék nyauri Pak Yai. Lan kanggo hiro Duk paen hang hiro impèkaen “ omongé sembyahiro iku lakononok “. Mbok Eduk setengaé rodo kagèt njero atiné ngomong “ kok Pak Yai weruh hun ngimpai padahal hung hing cerito” . Pak Yai nerusaken wejangané nyang Mbok Eduk: “uliiro ngelakoni sholat, tahajud, dzikir lan ndongo saben bengei iku Duk ojo sampék pedhot, malah-malah tambaono dzikir Surat Al Ihlas, lan Surat Al Qodr terus ndongo paen baén in Sya Allah dikabuli lan dijogo gudo rencanané hang duwé sejo hang èlèk nyang hiro’ ”. “Enggih Yai kulo ngertos” èdèng Mbok Eduk nyauri. Serto wis rodo suwi lan akèh-akèh Pak Yai ngwani wejangan, Mbok Eduk terus pamitan moléh. “ Yo wis Duk hang atai-atai ring dalan mugo-mugo dodolaniro lancar”. “Amiin”

Malem Ahad Mbok Eduk sak anakék bareng-bareng ndeleng tipei ambi cekikikan. Hang dideleng OVJ yo pantes baén gemuyuné sampèk cekikikan. Serto wis mari buru podo meneng kabyeh. Byangeté meneng kabyeh Mbok Eduk ngomong nyang anak-anakék: “Wang ... Boh In Sya Allah dino Rebo’ embyèn hun hing dodol wo-woan maning” setengah rodo kagyèt anak-anakék “ Napuwo Mak ? ènten nopo’ ? terus ajeng medamel nopo’ ?” . emak terus nyaut : “ Dodolan sego’ ba’én”;” sego tempong “ ; “ yééh ... kulo ndarani ajeng medamel teng luar negerei ojo Mak ndiko tasik enèm kulo wedos Maak “. “ hiing hun hing kepingin nyang luar, dadiyo picis akèh naming hiro kelèlèran hun emoong” . “ yo enggih pun Maak .. diarani nopo Mak warungék ? “ Leboh takon nyang emaék . “ Kelendei kadung hun arani : “ SEGO TEMPONG MBOK LEBOH “ . Buwang ambi gemuyu cekikikan “saé niku Mak” Leboh protès “ kok aranhun hang diengguk kok hing arané kang Buwang baén?” . Mbok Eduk ngerti hang dikarepaken Leboh “ hiro ésén byèmg?” . “ Yo uwis kadung gedigu peseno tulisan utowo bèner tah lék aranék .. warung “ SEGO TEMPONG MBOK LEBOH “ Sakat dino Rebo’ iku mbok Edok mbokak warung Sego Tempong Mbok Leboh sampék saikei ramé langgananék hing tau sepei, sampék kesuwor nyang endi-endei.

Banyuwangi 13 Rejeb 1434 H / 22 Mei 2013
adulc assonggoni

No comments:

Post a Comment